Pelajaran
1
Kelas/semester
: 2/2
Standar kompetensi:
1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan
tentang ungkapan teman dan tembang dolanan.
2. Mampu
mengungkapkan gagasan dan perasaan
secara lisan tentang pengalaman dan mendeskripsikan benda di sekitarnya.
3. Mampu
membaca nyaring dengan lancar dan
memahami teks sastra.
4. Mampu mengungkapkan pikiran/perasaan secara tertulis dalam berbagai ragam
bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh.
kompetensi dasar:
1.1. Mendengarkan cerita teman.
2.1 Menceritakan pengalaman sendiri dengan ragam
bahasa tertentu.
3.1 Membaca nyaring dan lancar teks sastra
sederhana.
4.1 Menulis kegiatan sehari-hari.
kegiatan
pembelajaran 1
Materi
pembelajaran
A. Nyemak:
Nyemak Crita
Kancamu
mirengna kanthi temen
Setitekna
isine carita
Rungokna
anggone kancamu macakake crita ing ngisor iki!
Sendhang Beji
Jaman biyen ana sawijining wong urip ijen
Pak dana jenenge
Dheweke manggon sacedhake alas
Alase katon ketel lan angker
Kayune gedhe-gedhe
Sawijining dina, Pak Dana golek kayu rencek
Lagi wae njupuki rencek sing pating blasah ana ngisor wit
jati,
Pak Dana diweruhi kidang
Kidang dioyak
Playune kidang ora banter
Pak dana ngetutake kidang mau
Nanging ora kecekel
Amarga dioyak, Kidang kecemplung rawa
Kidang ora bisa mlayu amarga sikil lan awake mlebu lumpur
Pak Dana enggal nyekel kidang
Nanging, Pak Dana kaget
Ing kono uga ana bebek
“Lho iki kok ana bebek siji isih cilik.
Endi kancane? Wah, dak cekel lan dak peni wae,”kandhane Pak
Dana
Endi kancane? Wah, dak cekel lan dak openi wae, “kandhane
Pak dana.
Nalika arep dicekel, bebek mlayu banjur njegur sendhang.
Pak dana nekat nyekel
Lagi arep nyekel bebek, dheweke krungu swara, “kewan
kuwiaja digawa.
Kewan iki uripe ana kene
Aja nganggu kewan sing wis mlebu panggonan kene.’
Pak Dana Dheleg-dheleg
Banjur dheweke nyuwara, “Mengko yen rejane jaman
panggonan iki diarani Sendhang Beji
Saka tembung bebek siji.”
Remen Basa
Jawa 2
Negesi
tembung
Sendhang : tlaga,
umume banyune akeh lan bening
Ijen :
dhewekan
Angker :
medeni
Ketel :
ngrembuyung
Kayu rencek :
kayu arupa pang wit kang wis garing
Pating blasah :
gumlethak akeh
Dheleg-dheleg :
meneng wae nanging mbatin
Tugas Kelompok
Coba Critakna pengalamanmu
dhewe karo kanca sisihmu, coba gentenan crita pengalaman pribadimu, utamane
kang ana gayutane karo pengalaman nindakake kasenengan, kayata pengalaman
gladhen nari, deklamasi, nggambar, lan sakpanunggalane! Padha gentenan nyemak
critane kanca liya kanthi rukun!
Wangsulan:
Siswa gentenan nyemak
crita pengalamane kanca (Kreativitas
Siswa).
Tugas Mandiri
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis
adhedhasar wacan!
1. Sapa
sing urip ijen?
Wangsulan:
Pak
Dana
2. ana
ngendi Pak Dana manggon?
Wangsulan:
Acedhake
alas
3. kepriye
kahanane alas ing kana?
Wangsulan:
Ketel
akeh wit-witan
4. Ing
alas, Pak Dana diweruhi apa wae?
Wangsulan:
Kidang
lan bebek
5. Nalika
kidang dioyak, layune menyang ngendi?
Wangsulan:
Kecemplung rawa
6. Kena
ngapa Pak Dana ora nyekel bebek?
Wangsulan:
Merga krungu swara ora oleh njipuk
7. Miturut
panemu, kidange kecekel apa ora?
Wangsulan:
Ora
8. Manungsa
karo kewan kudu kepriye?
Wangsulan:
Ora oleh nyiksa
B. Micara:
Crita Pengalaman pribadhi
Aku Saiki Wis Kelas Loro SD
Saben dina aku
diparingi ibu dhuwit kanggo sangu.
Aku diajari ibuku
nyelengi dhuwit.
Dadi sangu sing
diparingi ibu ora pareng takentekke kanggo jajan.
Separo dhuwit sangu
kuwi mlebu celengan semar ing kamarku.
Aku duwe kesenengan
nggambar.
Kanggo tuku piranti
gambar, aku arang nyuwun ibu.
Aku bisa tuku piranti
gambar nganggo dhuwit celenganku.
Kanthi mengkono aku
bisa mbiyantu wong tuwaku.
Mula kuwi, nyelengi
kalebu kasenengan kang apik banget.
C. Maca Lancar
Maca seru tegese maca
kanthi swara lan irama kang cetha.
Wacanen kanthi
suara kang seru lan lancar!
Pasar Johar
Pasar iku panggonan dol tinuku barang-barang. Dhek
wingi, aku menyang Pasar Johar.
Pasar
Johar kuwi ana ing Kutha Semarang.
Dodolan
apa wae ana.
Sandhangan
warna-warna lan apik-apik.
Regane
maneka warna.
Ana
sing larang, ana sing murah.
Ora
mung sandhangan,
sayuran,
panganan, kebutuhan pawon,
nganti
piranti omah lan sekolah uga ana.
Aku
seneng banget neng Pasar Johar.
Tugas kelompok
Bebarengan karo kanca
sisihmu, coba goleka tembung kang angel, banjur nyuwuna pirsa gurumu apa tegese
kuwi. Tulisen tembung-tembunge iku ing papan kang wis dicawisake ing ngisor iki
kanthi semangat, kendel, lan tliti!
No.
|
Tembung
|
Tegese
|
1.
|
Pawon
|
Dhapur
|
2.
|
.................................................
|
.................................................
|
3.
|
.................................................
|
.................................................
|
4.
|
.................................................
|
.................................................
|
5.
|
.................................................
|
.................................................
|
6.
|
.................................................
|
.................................................
|
7.
|
.................................................
|
.................................................
|
8.
|
.................................................
|
.................................................
|
9.
|
.................................................
|
.................................................
|
10.
|
.................................................
|
.................................................
|
Tugas Mandhiri
Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur kanthi pratitis!
1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
Wangsulan: Pasar
Johar
2. Apa kang diarani pasar iku?
Wangsulan: Papan kanggo dol
tinuku barang-barang.
3. Piranti kanggo sekolah iku apa wae?
Wangsulan: Buku, potlot,
setip, bolpen, garisan, lsp.
4. Pasar Johar iku mapan ing kutha ngendi?
Wangsulan: Kutha
Semarang
5. Barang apa wae sing koksenengi?
Wangsulan: Kreativitas
siswa.
D. Nulis:
Nulis Kegiyatan saben dina
Kegiyatan
padinan iku bisa awujud maneka warna. Para pedagang esuk umun-umun wis mangkat
menyang pasar, para tani esuk-esuk uga mangkat menyang sawahe, tukang pos
esuk-esuk wis ngayahi tugase ngirimke serat-serat, lan liya-liyane. Kabeh
kegiyatan iku ditindakke wiwit saka tangi turu nganti arep mapan turu maneh.
Tugas Pribadhi
Tulisen
nganggo aksara jejeg sambung kegiyatan ing omah wayah esuk!
1. Tangi turu aku nata bantal, guling, lan
slimut.
|
|
|
|
|
2. Aku banjur senam.
|
|
|
|
|
3. Aku banjur adus lan sikatan.
|
|
|
|
|
4. Aku sarapan jam setengah pitu.
|
|
|
|
|
5. Aku mangkat sekolah bareng kancaku.
|
|
|
|
|
0 Komentar untuk "Materi Pelajaran Kelas/semester : 2/2"