MATERI BAHASA JAWA SD KELAS 1


3. Micara
Maca seru
Wacanen kanthi seru!
Awas Banjir
(gambar banjir)
Udane deres tanpa leren.
Pancen wis wayah rendheng.
Saben dina mesthi udan.
Saka esuk nganti mbengi.
Desa Ngasem cedhak kali Pepe.
Sing kondhang banyune gedhe lan banter.
Warga Ngasem pada sayuk ngresiki got.
Nandur wit ing papan sing longgar.
Menawa udan teka ora buntet lan banjir.
Nyota kabukti menawa udan deres  lancar ora banjir.

 Tugas mandiri
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki, adhedhasar wacan ing dhuwur! Garapen karo kanca sabangkumu!
1.   Kepiye kali Pepe iku?
      Wangsulan : kali sing kondhang banyune gedhe lan banter.
2.   Kali apa sing cedak desa Ngasem?
      Wangsulan :  kali Pepe
3.   Apa isi/surasane wacan ing dhuwur kuwi?
      Wangsulan : nanggulangi banjir
4.   Padha ngapa desa Ngasem ben ora banjir?
      Wangsulan :  ngresiki got lan Nandur wit
5.   Mangsa apa yen kerep udan?
      Wangsulan :  mangsa rendheng

Tugas kelompok
Bebarengan karo kancamu, tembang ing ngisor iki Wacanen banjur tembangna!
Suwe Ora Jamu
Wis suwe ora jamu
Jamu godhong telo
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan dadi lega
Wangsulan :
siswa nembangake tembang. Guru maringi biji.


Nulis
Nulis Latin Jejeg Disambung
Gatekna cara nulis aksara jejeg disambung ing ngisor iki!

1.     Roni tuku permen.
(tulisan latin)
2.     Rara lagi mlaku.
(tulisan latin)
3.     Simbah dhahar soto.
(tulisan latin)
4.     Mbak Rokha maca buku.
(tulisan latin)
5.     Simbah nembe sare
(tulisan latin)

Tugas Mandiri
Ukara ing ngisor iki gantinen dadi tulisan latin jejeg disambung! banjur wacanen!
1.     Rika mangan bakso






2.     Dodi ngombe susu






3.     Aku lagi maca






4.     Silvi tuku kembang






5.     Boneka pandha abang







Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "MATERI BAHASA JAWA SD KELAS 1"

Back To Top